Berita Hangat :
Share

Contoh Pidato Bahasa Jawa

Posted by Fanon Tuesday, December 4, 2012 0 Komentar
Pidato Bahasa Jawa
Contoh Pidato Bahasa Jawa - Wah siapa yang belum pernah dikasih tugas bikin Pidato Bahasa Jawa Hayoo ??? Pasti udah pernah semua kan?? nah saya mau sedikit berbagi Contoh Pidato Bahasa Jawa nih, Siapa tau temen temen ada yang butuh , nanti ada beberapa Contoh Pidato dalam bahasa jawa, temen temen bisa Copy trus di print Pidatonya buat nyelesain Tugas disekolah, tapi saya anjurin mending di teliti lagi ya ^_^. Yuk Simak

Nah nih saya kasih beberapa contoh pidatonya dengan tema yang berbeda beda.

1. Pidato Bahasa Jawa Hari Kartini

Assalamualaikum wr.wb
Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan.Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi.Para kanca, siswa-siswi ingkang kula tresnani.Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya taksih saged kempal manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan salebetipun pahargyan pengetan dinten Kartini samang-ke punika.

Pangetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya. R.A. Kartini pindhanipun sekar ingkang tansah mbabar angambar ganda arum ing bangsa Indonesia. Panjenenganipun punika pangarsa tumrap wanita ingkang karyanipun mligi kangge majengipun wanita wiwit duk rikala bangsa Indonesia taksih dipuncengkerem dening bangsa penjajah.Labuh lebetipun R.A. Kartini saestu luhur sanget tumrap kaum wanita. Langkung-langkung ing wekdal sapunika ingkang taksih kedah meres penggalih kangge majengipun bangsa. Panyengkuyungipun para wanita boten saged dipunremehaken, malah kepara langkung bobotipun tumrap pembangunan majengipun bangsa punika.Pancen sampun dipundokrataken para wanita saha limrah nggadahi raos ingkang kalangkung alus. Sanadyan makaten geget ing manah tansah makantar pindha waja ngudi kautaman. Sadaya punika inggih awit saking pangaribawanipun lelabetanipun Ibu Kartini ingkang sampun tumanem ngrembaka ing mahanipun wanita Indonesia.Sampun cetha ing panggesangipun bangsa kathah wanita ingkang saged kiprah kadi dene para priya ing babagan warna-warni. Ingkang makaten punika saestu saged damel mongkoging manah.Kanti makaten punika sumangga kadang-kadang putri sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun Ibu Kartini ingkang luhur punika. Ingkang boten kenging dipunlirwakaken inggih punika tansah ngudi jatidhirinipun putri Indonesia. Putri Indonesia ingkang prasaja, mrantasi sadhengah karya.Semanten saha makaten atur kula. Mugi sami kepareng maringi pangapunten tumrap sadaya kekirangan lan kelepatan kula.
Wassalamualaikum wr.wb

2. Pidato Perpisahan Sekolah Bahasa Jawa

Assalamualaikum wr.wb
Ingkang dahad kinormatan Bapak Kepala Sekolah SMA N Banyumas, Bapak ugi ibu guru, staf TU, Lan konco-konco ugi adek-adek sedaya kemawon ingkang kula tresnani.Sapisan, monggo kita sedaya sesarengan ngaturaken puji syukur dumateng Gusti ingkang Maha Agung, Ingkang sampun maringaken nikmat kewarasan dumateng kita sedaya. Dados kita sedaya saget sesarengan kempal dhateng adicara perpisahan siswa kelas XII sapunika. Kula siswa kelas XII IPA I ingkang tinanggenah guru kagem mewakili konco-konco kelas XII kagem ngaturaken matur sembah suwun kula sakonco namung saget ngaturaken ucapan matur sembah nuwun kagem sedaya bapak ibu guru ingkang sampun mbulawantah kula sakonco dangunipun tigang warsa dateng pawiyatan menika. Kula sakonco inggih badhe nyuwun pangestunipun supados kula sakonco saget nglebeti pawiyatan enggal ingkang sae ingkang sampun dhados tujuan kula sakonco. Ugi supados kula sakonco saget dados tiyang ingkang migunani kagem keluarga, masyarakat, ugi bangsa lan negara. Sejatosipun kula sakonco kraos awrat sanget kagem nilaraken pawiyatan menika. Kula inggih gadhah sekedik pesen kagem adek-adek kelas X kaliyan XI supados sinal ingkang sregep sinau supados saget wujudaken cita-cita nipun ugi dados lare ingkang lanthip.Cekap semanten saking kula, manawi anggen kula sakonco kagungan sisip sembering. Ingakang klenthu, kula nyuwun agunge panga puten dumateng sedaya kanawon. Kula aturaken matur sembah suwun
Wasslamualaikum wr.wb

3. Pidato bahasa jawa krama

Assalamualaikum wr.wb
Kulo aturaken matur suwun kagem Ibu Ummu semono ugi kagem Saderek-saderek sedanten ingkang sudi nyisih aken wedalipun ngrawuhi pidato meniko.

Saderek-saderek sedanten……..
Minurut pengamatan kalian kulo raosaken akhir-akhir meniko kathah wargo ingkang kirang menghargai negeri nasionalipun inggih puniko negeri “tercinta” Indonesia. Hal meniko sanget ngrisauaken yen diterus-terusaken saget dados masalah ingkang serius.

Saderek-saderek, kawulo mudho sedanten……..
Wonten jaman sakniki sampun kathah “pengikisan” kebangsaan nasionalisme! Meniko disebabaken kathah kawulo mudho ingkang ngelalekaken jatidirinipun dados wargo Indonesia sebabipun poro kawulo mudho luwih condong marang pergaulan utawi budoyo-budoyo Barat ingkang ndugi saking media cetak, elektronik, ingkang rupo: acara-acara televisi, majalah, surat kabar, utawi kathah wargo luwih seneng mundhut produk-produk luar negeri disebabaken regoipun luwih mirah lan kualitasipun luwih sae.

Saderek-saderek sebongso lan setanah air……….
Masalah-masalah meniko saget diicalaken lan saget mbangsulaken raos cinta tanah air negeri “tercinta” Indonesia meniko kalian salah sawijine coro inggih puniko mundhut barang-barang produksi Indonesia, menghormati jasanipun poro Pahlawan lan poro Pejuang, tindak dhateng Museum-museum Nasional utawi monumen-monumen perjuanganKulo raos meniko ingkang saget kulo sampekaken.

Mugi- mugi saget ndhatengaken perubahan lan saget mbangsulaken utawi nguataken roso Nasionalisme kito sedanten.Matur suwun kulo sampekaken………
Wassalamualaikum wr.wb

Nah itu tadi beberapa Pidato Bahasa Jawa yang bisa saya  kasih , kalo saya punya lagi pasti  saya bagi kok. hehee. moga aja temen temen suka dan senang dengan beberapa pidato tersebut, oh ya jangan lupa mampir ke Artikel Menarik saya lainnya seperti Artikel tentang Bantuan dari Allah pada Perang Gaza di Palestina serta artikel tentang Fenomena Akhwat Facebook'ers

0 Tanggapan Untuk “Contoh Pidato Bahasa Jawa”

Pembaca yang baik selalu meninggalkan jejak ...

Komentar Terbaru

Artikel Terbaru